MACAPAT
Tegese Tembang Macapat
Tembang macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang
duwe paugeran guru gatra (cacahing
larik), guru wilangan (cacahing wanda
= suku kata), lan guru lagu (tibaning
swara saben pungkasaning gatra (larik) tembang utawa dong ding.
Jenis Tembang Macapat
- Maskumambang
- Mijil
- Kinanthi
- Sinom
- Asmaradana
- Gambuh
- Dhandhanggula
- Durma
- Pangkur
- Megatruh
- Pocung
Paugeran / Aturan Tembang Macapat
Guru Gatra, yaiku
cacahing gatra/larik saben sapada.
Guru Wilangan, yaiku
cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
Guru Lagu, yaiku
tibaning swara ing saben pungkasaning gatra.
Guru Gatra, Lagu lan Wilangan Tembang Macapat
Pocung (4 gatra) 12u, 6a, 8i, 12a
Maskumambang (4 gatra) 12i,
6a, 8i, 8a
Gambuh (5 gatra) 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Megatruh (5 gatra) 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Kinanthi (6 gatra) 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Mijil (6 gatra) 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Durma (7 gatra) 2a,7i, 6a, 7a, 8a, 5a, 7i
Pangkur (7 gatra) 8a, 11i,8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Asmaradana (7 gatra) 8i, 8a, 8e/o, 8a, 8a, 8u, 8a
Sinom (9 gatra) 8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Dhandhanggula (10 gatra) 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
Wataking Tembang Macapat
Maskumambang : Nelangsa, kanggo nggambarake rasa sedhih
keranta-ranta
Mijil : Prihatin, kanggo crita kang ngemu rasa kesedhihan.
Suka pitutur kang melasasih/ kanggo gandrung.
Kinanthi : Seneng, tresna, kanggo nggambarake rasa
katresnan.
Dhandhanggula : Luwes, kanggo nggambarake rasa apa bae.
Sinom : Canthas, kanggo aweh pitutur/ kanggo gandrung.
Asmaradana : sedhih, prihatin ing asmara. Kanggo crita kang
sedhih lan asmara
Gambuh : Sumanak, Sumadulur kanggo aweh pitutur.
Durma : Nepsu, kanggo medharake rasaning ati kang gregeden
utawa crita perang.
Pangkur : Nepsu, kanggo suka pitutur, carita perang,
bebukaning crita
Megatruh : Trenyuh, memelas, kanggo carita kang ngemu rasa
susah
Pocung : Gregeden, kendho, kanggo carita kang sakapenake.
Falsafah Tembang Macapat
Wong Jawa kuwe uripe seneng nggunakna pasemon (perumpamaan),
saben tetembungan digothak-gathukake uripe manungsa. Tembang macapat
nggambarake uriping manungsa (sekang lair tumekaning pati).
Maskumambang
Nggambarake “jabang bayi” kang isih ana kandhutane ibu,
durung bisa mangerteni bayi kuwe lanang utawa wadon. ‘kumambang’ tegese kang
durung mesthi, dadi uripe isih ngambang ing padharane Ibu.
Mijil
Nggambarake
wektu laire jabang bayi, wis katon bayi kuwe lanang utawa wadon.
Kinanthi
Sekang tembung kanthi utawa tuntunan sing tegese dituntun
supaya bisa mlaku ing panguripan alam donya.
Sinom
Ateges
‘kanoman’ , mujudake wektu longgar nalika isih enom kanggo ngelmu saakeh-akehe.
Asmaradana
Wis mulai nduweni rasa katresnan marang lawan jenis.mulai
kasmaran dening wong liya.
Gambuh
Nduweni teges jumbuh/sarujuk/cocok, kang ateges wis cocok
antarane lanang lan wadon kang wis nduweni rasa tresna.
Dhandanggula
Nggambarake seneng-senenge, apa kang dikarepna bisa
kasembadan, bisa nduweni jodho, kulawarga, lan urip sarwa kecukupan. Gula kuwe
manis, lambange manise panguripaning manungsa.
Durma
Durma sekang tembung darma/weweh, menawa wong urip kuwe wis
rumangsa cukup, mula banjur tuwuh rasa welas asih marang sapadha-padha
PANGKUR
Pangkur
sekang tembung mungkur/ mundur, kang ateges wis mungkur sekang hawa nepsu
kadonyan.
Megatruh
Sekang tembung ‘megat-roh’, roh utawa nyawa kang wis oncat
sekang badane/ragane. Ateges wis puput yuswa/seda
Tidak ada komentar:
Posting Komentar