TUKANG KORAN
Babak 1
Katon mbejejer omah-omah kang apik
ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan. Andi ketok lumaku ing dalan karo
adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire ana ing ngarep e omahe Reza.
Andi : “Koran, koran, koran. Koran
paklek bulek, koran bulek...”
Reza : “Koran.... ( mlayu metu
tekan omahe ) tuku korane, piro siji?”
Andi : ”Murah mas. Amung Rp3.500,-“
Reza : “Oh, ngono. Iki duwit e”
Andi: “Wah duitmu gedhe ra ana
susuk e? piye iki?”
Reza : “Rapopo, Jupuken bae, sek
akeh ndek njero sing koyok ngono (karo nuding duwek mau)”
Andi : “Lek pancen ngono matur
suwun low yo. Oh iki loh korane” (Ngekekno koran menyang Reza)
Reza : “Yowes, ngalih kono. Ojo
suwe-suwe menyang kene! mambu”
Andi : “Iyo, suwun tenan yo”
Reza : “Iyo, iyo. Ndang ngaliho
kono!”
Babak 2
Katon lingkungan kang rusuh lan
mambu tenan. Sampah. Andi mlaku menyang omahe kang ana ing kampong kuwi.
Andi : “Buk e,,,buk…buk…aku moleh”
Bu Siti: ( Cepet-cepet metu tekan
omah lan mbukake lawang gawe Andi) “Kowe wes bali le?”
Andi : (Melbu menyang omah barengan
Bu Siti) “Enggeh bu, dinten niki kulo angsal arta kang katah.”
Bu Siti: “Wah, sip tenan lek ngono.
Endi duite?”
Andi: (Karo njupuk saka kesake lan
njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan maringno menyang bu Siti) “Niki bu”
Bu Siti : “Hah, akeh tenan
iki!” (Ngetokake ekspresi kang kaget)
Andi : “Niku ingkang tumbas
anaknipun wong sugih, deweke ngomong jupuken bae sisane.”
Bu Siti : “wah kok apik tenan arek
iku? Wes ngomong matur suwun?.”
Andi : ”Inggih bu, deweke pancen
apik. Nanging sombong tenan, mantun tumbas koran kulo langsung di usir.”
Bu Siti : “Oh ngono ya. Tibake wong
sugih ing endi-endi podo bae.yo piye maneh maneh le? Wong pancen kudu sabar.”
Andi: “Pun ngomongne liyan bu..
mangke duso”
Bu Siti: “ Oh iyo, sing penting wes
diweneh i satus ewu yowes gek ndang adus kono! Byuh mambu kringet”
Andi: “Enggeh bu”
Babak 3
Andi dodolan koran kaya biasane,
njajakno ing kompleks omahe Reza nanging……..
Andi: “Koran, koran, koran. Koran
paklek bulek, koran bulek...”
(Ciiiitttt..... ana mobil mandeg
jegreg ing ngarepe Andi lan nyerempet deweke)
Ana wong wadon metu tekan mobill
kuwi lan cepet-cepet ndeleng keadaan Andi
Bu Nikita: “ byuh rapopo ta le?”
Andi: “Mboten menapa bu”
Bu Nikita: “Nyang rumah sakit bae
yo?”
Andi: “Mboten bu, kulo mboten
menopo namung keseleo sekedik”
Bu Nikita: “lha kuwi, sikilmu abuh
ki. Yowes ayo melbu omah”
(andi langsung dituntun bu nikita)
Bu Nikita: “Sek ojo akeh obah tak
pijet e sikilmu!”
Andi: “aduh…duh…duh…duh (andi
kelaran)”
(Moro-moro ana suara sikil tekan
ndhuwur)
Reza: “Loh buk lapo arek iki kok
iso ana ing kene?
Bu Nikita: “Hush gaoleh ngomong
kaya ngono. Arek iki ing kene amarga ibu. Ibu mau nyerempet”
Reza: “Tapi iki arek mlarat
bu.. gak sak level aku awak dewe!!”
Bu Nikita: “heh ibu ra tau ngajari
koyo ngono!”
Andi: “Yoh aku metu!”
Bu Nikita: “Loh le rinio aku during
mari ngobati awakmu”
(Andi mlaku metu ambek nyeret
sikile amarga sek lara)
Reza: “lha ! Apik lah ! ra
rusuh-rusuhi omah ku”
Bu Nikita: “Astagfirullah Reza
Saaken bocah kuwi”
Reza: “Jarno bu mangke bilih mboten
dingotenaken, isa-isa nggolek-nggolek kesempatan, cek entuk welas asih saka
ibu, banjur diparingi duit saka ibu”
(Bu Nikita ngejar Andi lan ora
ngereken omongane anake, nanging bu Nikita ora sampek ketemu Andi)
Babak 4
Andi moleh ambek nyeret sikile sing
lara
Andi: “ Bu Andi bali bu”
Bu Siti: (Mbukak lawang lan kaget
ndeleng keadaane Andi) “ Le sikilmu kok babras kabeh kuwi
kenopo?”
Andi: “Enggeh bu niki banjur
keserempet mobil bu?
Bu Siti: “Kok isa loh le?”
Andi: “Nikuwau kula mboten ati-ati
bileh mlampah. Ingkang nabrak tiyang komplek biasane
kula dodol koran”
Bu Siti: “lha terus sopo sing
nyrempet?”
Andi: ”ibuk e bocah wingi, sing
kolu critani wingi.”
Bu Siti: “Oalah, cah sugih sing
menehi duit wingi ta? Byuh kok pancet ae wong sugih ki”
Andi: “Tapi ibukne ki apik low buk,
wong kulo mawon di pijet. Nanging pas anake metu kulo langsung di usir”
Bu Siti: “Yaweslah syukur ibuk e
apik le”
Andi: “Enggeh buuu”
Babak 5
Reza lagi keliling-keliling nggae
motore sing anyar nanging…
(Gedubrraaaakkkk!!! Suara motore
Reza kang nabrak wit)
Reza: “Aduhhh!”
(Ing kono ana Andi kang lagi
nawakake koran, wektu ngrungokno suara iku Andi cepet-cepet mlayu)
Andi: “Ana opo kae? Loh Reza!!”
(Cepet-cepet Andi nulungi Reza lan
digawa menyang rumah sakit)
Sawise Reza sadar….
Bu Nikita: “Walah le le makane
talah nyetir sepedah iku gausah kakekan pola, untung wae ono si
Andi sing nggowo kowe
mengang rumah sakit”
Reza: “Loh tenan bu Andi sing
nggawa aku mrene?”
Bu Nikita: “Iyo le”
Reza: “Endi bu saiki si Andi? Aku
pingin ngomong ambek dheweke”
(Bu Nikita nyeluk Andi gawe ngomong
karo Reza)
Andi: “Opa za?”
Reza: “An selama iki aku wes
berprasangka buruk menyang awakmu, aku njaluk sepura sak
akeh-akehe”
Andi: “Walah Za Za masio awakmu gak
njaluk sepura menyang awakmu aku wes nyepurani
awakmu sak during-durung e”
Reza: “Suwun tenan yo An
suwuuuunnnn, awakmu pancen wong kang apik”
Andi: “Iyo podo-podo Za”
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar